Pesona Rumput (Kaelokaning Suket)

bunga rumput

“Anadene manungsa iku dina-dinane kaya suket, ….. ”

Anadene manungsa iku dina-dinane kaya suket, …..

Juru pangripta paring gambaran menggah gesanging manungsa ingkang boten langgeng, kadosdene suket kang gesang namung sakedhap, lajeng alum lan garing. Sinaosa umuripun boten dangu, suket punika nggadhahi maneka warni sifat lan kita saged nyinau suket.

Wonten suket kang migunani kagem jampi, wonten suket kang ngganda arum, wonten suket kang adamel sedheping masakan. Suket ugi migunani njagi siti saking daya pangrisaking toya jawah, peperengan kang katutup dening suket saged mbiyantu ngiyataken siti saking bebaya longsor. Para sato kewan ugi mbetahaken suket kangge tedhanipun. Endahing taman, lapangan bal-balan ugi lapangan golf inggih gumantung ing kualitas suketipun.

Gesanging manungsa tamtunipun langkung adi tinimbang suket, pramila sinaosa gesang kita boten langgeng sumangga kita nyenyuwun dhumateng ‘Kang Akarya suket’ supados gesang kita inggih migunani. Dadosa (1) suket kagem jampi, lumantar pagesangan inggih tetembungan kang adamel lejaring manah sesami, tetembungan kang sedhep dados jampi balung. Mekatena ugi gesang saged kadya (2) suket kang ngganda arum, inggih ndadosaken karenaning sang Maha Akarya ugi para sesepuh lan lumantar pagesangan punika mbabar katresnan arum wonten satengahing gesang bebrayan. Dadosa ugi kados (3) suket kang saged nahan erosi saha longsoring pengajeng-ajeng matemah nampi makuthaning pagesangan. Utawi (4) suket patamanan kang tansah sumadya kabentuk amrih endahing taman, sumarah dhumateng karsaning sang Juru Taman. Lan wusananipun dados (5) suket kang begja ing pungkasaning gesang kang boten dangu saged ngucap: urip ing pakaryan adi, dene mati iku kabegjan.

*****Agar tidak menjadi postingan kesukuan, terjemahan bebasnya sbb: (23/1/12)

Adapun manusia, hari-harinya seperti rumput …. Sang penggubah memberikan gambaran bahwa hidup manusia tidaklah abadi, ibarat rumput yang hanya hidup sementara lalu layu kemudian mengering. Meskipun umurnya singkat, rumput memiliki beraneka sifat yang menguntungkan dan kita bisa belajar darinya.

Ada rumput yang bermanfaat sebagai obat, ada yang berbau harum, ada yang menjadi penyedap masakan. Rumput juga bermanfaat menjaga tanah dari pukulan air hujan, pada lereng yang berumput resiko longsor dapat lebih diperkecil. Hewanpun membutuhkan rumput sebagai makanannya. Keindahan taman. lapangan bola dan lapangan golfpun ditentukan oleh kualitas rumputnya.

Hidup manusia tentunya lebih berharga daripada rumput. Belajar dari rumput, meski hidup kita tidak abadi marilah kita memohon kepada ‘Sang Pencipta Hidup’ agar hidup kita bermakna. Ibarat (1) rumput yang berfungsi sebagai obat, ungkapan sapaan  yang manis membangun menjadi penyejuk hati dan penyemangat bagaikan obat bagi tulang. Begitu pula hidup dapat menjadi (2) akar rumput harum, melalui hidup yang berkenan kepada Sang pemberi Hidup, bakti kepada orang tua dan berolah kasih dengan sesama. Semangat hidup yang menggelora disertai kepasrahan juga bagaikan (3) rumput penahan erosi dari terkikisnya pengharapan sehingga pada akhirnya beroleh mahkota kehidupan. Begitu pula hidup dalam (4) kesediaan diri untuk selalu dibentuk  (kadang dipangkas dan terasa sangat sakit) oleh Sang Juru Taman menurut kehendakNya agar memberikan keindahan bagi lingkungan termasuk dirinya. Dan akhirnya mampu bersyukur sebagai (5) rumput yang beruntung karena diijinkan menjadi orang yang bermakna dalam rancanganNya.